Jaman semono rung akeh dokter utowo bidan, poro leluhur kito.
simbah simbah mbiyen ngagem empon empon nggo gawe njogo kasarasan lan ngobati penyakit.
Kaya ndene
- nek wetenge diare ki nginang utowo mamah godhong jambu ben mampet.
- wetenge langsing bar babaran wetenge di oser oseri jeruk nipis ro injet njuk di stageni
- ben rambute kinclong gak perlu nang salon cukup baker merang karo diolesi jeruk nipis.
- ngobati jerawat diolesi blimbing wuluh
- tombo masuk angin nggawe wedang jahe + gulo jowo
- ngaluske rai nggo masker buah utowo endhog
- ben prakoso ngombe cabe puyang
- ben mripate waras nggo kum kuman godhong suruh
sedulur kabeh, ayo di bagi bagi resep tradisional saka simbah simbah mbiyen…sing murah ning berkhasiat…..
__________________
QHEYAVEL
Minggu, 13 Februari 2011
Senin, 29 November 2010
ADAT
Yèn disawang pancèn wektu iki dudu wayah prèi bocah sekolah, ananging kasunyatan ana ing tlatah Ngayogyakarta nemoni wayah ramé kang kabèh iku mau saubungan karo wulan sakdurungé Pasa. Ya, wulan Ruwah iki kapener wulan kang pas banget kanggo para sanak-kadang tilik leluwur sing wus luwih ndhisik tinimbal déning Gusti.
Sya’ban utawa kang kasebut wulan Ruwah kalebu wulan kang cocok banget kanggo nyekar para arwah, jumbuh karo tembung Ruwah lan arwah. Kamangka ana kang ngugemi menawa wulan Ruwah ya wulan kang dadi wektuné para arwah mudhun ana ing ngalam ndonya nyambangi para leluwuré, babagan iki para warga mula nduwèni istilah mudhunan dln munggahan. Mudhunan lan munggahan iku patrapané para jalma padha anglakoni ziarah kubur kanthi ontran-ontran kang awujud ‘nyekar’ uga “nyadran”.
- Nyekar, diarani nyekar amarga kayadéné kapacak saka tembung sekar kang duwé arti kembang, mula isa didèfinisèkaké kanthi tindak lelaku kirim kembang lan uga donga marang para leluwur.
- Déné nyadran, yaiku salah sawijinéng tradhisi kayadéné gendhurèn , tradhisi kang migunakaké uba-rampe (sarana) awujud panganan (besekan), amung waé kang mbédakaké karo adicara gendhurèn biyasa ya babagan papan panggonané. Menawa adicara gendhurèn biyasa ana ing omah kang lagi kagungan gawé utawa hajatan, ananging adicara gendhuren nyadran biasa dilaksanakaké ana ing papan panggonan kang awujud kuburan utawa papan panggonan kang dianggep keramat lan dipercaya warga isa gawé tambah nyedhakaké karo Gusti Kang Akarya Jagad. Déné ubarampé awujud panganan kang kudu ana yaiku ketan, kolak, sarta apem.
Ana ing wulan Ruwah, tradisi nyekar mungkin isa dilaksanakaké tanpa ana wektu kang dai patokan, bisa saben dina lan kapan waé. Ananging ana ing tradhisi nyadran, amarga mbutuhaké akèh warga mula mesthi ana wektu kang didadèkaké kesepakatan. Wektu nyadran iku kalaksanan biyasané ana ing wanci dina kang kaping 15, 20, utawa dina kaping 23 sakjroning sasi Ruwah.
Menawa ana ing ndhuwur ya babagan kang mbédakaké ing antarané tradhisi “nyekar” lan “nyadran“, mula kang bisa dadi inti maksud padha iku ya dudu liya babagan “padha-padha munjuk donga marang Gusti karebèn kaparingan rahayu slamet lan kasejahteraan kairing laku ziarah kubur.”
Miturut sejarah, ‘nyadran’ asal mula buka saka tembung Basa Jawa Kawi “sraddha”, nduwèni arti ‘yaqin” utawa “percaya”.
Tradhisi iki awalé wus muncul rikala Jaman Majapahit, yaiku sawektu Ratu kang kaping telu negara Majapahit, Kanjeng Tribuwana Tunggadewi kagungan karep tilik sowan ana ing pengabuan Kanjeng Sibu Sri Gayatri. kang pangangkah pingin kirim donga.
Déné sak wusé jaman Walisanga bab iku ya isih bisa dipatrapaké mula banjur di terusaké déning para Wali kanggo sarana dakwah lan penyebaran Agama.
Déné sak wusé jaman Walisanga bab iku ya isih bisa dipatrapaké mula banjur di terusaké déning para Wali kanggo sarana dakwah lan penyebaran Agama.
Babagan ana ing ndhuwur dèn selarasaké miturut wektu kang pas yaiku kapatrap ana ing wulan sakdurungé Pasa, Wulan Ruwah. Kang dadi alesan ora ana liya ya ana gandhèng-cènèngé marang wulan suci Pasa.
Sepisan manèh kanthi ziarah kubur awak kabèh bisa ngirim donga marang para leluwur karebèoleh papan panggonan kang pantes ana ing ngayunaning Gusti lan uga karebèn dèn paringi pengampunan saka kesalahan kang wus digawé sakjroning ngaurip mbiyèn. Jumbuh karo laku ziarah iku mula wicara ora langsung kalebu nindakaké punjuk atur babagan amal lan lelaku.
Saka sikap kang kaya mengkono iku awak kabèh uga dibimbing marang kemandirian kanggo korèksi dhiri lan uga penyadharan pribadi menawa awak kabèh ya bakalan nemoni pati ana ing mbésuk embèné. Terus sangu apa waé kang wus kagendhong ana ing geger iki…? Wus tekan ngendi langkah kang dèn kapecak iki…? Pitakon-pitakon iku amung awaké dhéwé kang bisa mangsuli, dudu jalma liya…
Ana ing ndhuwur wujud corètan babagan nyadran lan nyekar ana sakjroning wulan Ruwah iki.
Ora ana maksud pingin nyalahaké marang para sanak-kadang lan kanca kabèh menawa ana kang ora sarujuk babagan kang katulis ing ndhuwur. Apamenèh menawa ana kang nganggep déné iku kalebu syirik lan musrik. Iku kalebu hak awak kabèh minangka matrapaké sawijining demokrasi ana ing negeri sutrèsna iki.
Yang pasti saya pun mencoretkan ini semua bukan tanpa alasan.
Sungguh alangkah bahagianya saat nilai tradisi dan budaya lokal ini mampu kita jaga tanpa harus terpengaruh negara luar baik itu Arab ataupun Barat. Budaya kita tetap adiluhung dan identitas diri pun tak takut untuk tergadaikan.
Yang pasti saya pun mencoretkan ini semua bukan tanpa alasan.
Sungguh alangkah bahagianya saat nilai tradisi dan budaya lokal ini mampu kita jaga tanpa harus terpengaruh negara luar baik itu Arab ataupun Barat. Budaya kita tetap adiluhung dan identitas diri pun tak takut untuk tergadaikan.
Amung miturutku iki kabèh kaya-kaya ya ora nyimpang lan isih rèlevan dèn patrapaké ana ing wektu iki, déné tradisi nyekar utawa tradisi nyadran sakloron ora amung duwé akhir ana ing tindak karya gotong royong lan karukunan anggon bebersih kuburan, utawa amung wujud slametan gendhurèn mangan-mangan ketan, apem, uga kolak waé. Luwih saka iku, adicara nyadran kabukti bisa dadi kegiatan kang positif utamané kanggo papan silaturahmi ing antaraning jalma tanpa ana iketan utawa pengkotakan agama, golongan, kepercayan kang amung gawé sawijining dogma wicara subyèktif.
crah agawé bubrah rukun agawé santosa..!MITOS
Ing dusun Mangir sendangsari pajangan bantul, wonten mitos watu gilang. Watu iku ing jaman biyen sing d agen Raja Mataram kangge mateni Ki Ageng Mangir. Amargi Raja Mataram duweni dendam kaliyanKi Ageng Mangir. Mitose sapa sing saged mindahake watu iku uripe bakal katurutan panyuwunane.
KESENIAN
JATHILAN
Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging na uga sing ijo lan abang.
Seni tradhisional saking Jawa
REYOG
Réyog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage , contoné wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional. Seni Réyog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasak
WAYANG
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa . Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog gedhang. Derita wayang biasane nyaritaake mitos jawa.
Panari jathilan disandhangi werna-werna. Ana raja, prajurit, buta, anoman, barongan, lan penthul. Raja lan prajurit migunaaké jaran képang. Anoman ing jathilan ora mung wujud kethek putih nanging na uga sing ijo lan abang.
Seni tradhisional saking Jawa
REYOG
Réyog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kayata ritus-ritus passage , contoné wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional. Seni Réyog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèd pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasak
WAYANG
Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa . Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog gedhang. Derita wayang biasane nyaritaake mitos jawa.
KANGEN
Saben sesawangan
kang daktemoni
memba wewayanganmu
ngreridhu batin.
Mula, kudu dakakoni
ora dakselaki
pranyata, angel anggone ngilangi
saka kalbu tumekaning pandulu
amarga,
akuwis kadhung
ketaman sawijining panandhang
“kangen sliramu”
kang daktemoni
memba wewayanganmu
ngreridhu batin.
Mula, kudu dakakoni
ora dakselaki
pranyata, angel anggone ngilangi
saka kalbu tumekaning pandulu
amarga,
aku
ketaman sawijining panandhang
“kangen sliramu”
Langganan:
Komentar (Atom)


